Sugeng enjing, para putra,
Budi pakarti iku kelakuan kang becik. Kanthi tingkah laku utawa kelakuan kang becik, swasana urip iki mesthi bakal ayem tentrem. Kosok balene, menawa ing jagad iki kebak pakarti kang ala, mesthi bae kahanane urip iki bakal ora nyenengake.
Pakarti becik iku sejatine mapan ana ing rasa pangrasa, ngurmati marang sapepadhane urip lan bisa melu ngrasakake panandhange wong liya (empati). Ngabekti marang wong tuwa, uga tansah eling marang panguwasane Gusti Allah. Kanthi mangkono manungsa banjur ora kumalungkung, gumedhe, lan sok rumangsa bisa.
Ing pasinaon iki para siswa diajak nyinau basa Jawa lumantar susastra kang awujud geguritan kanthi tema Budi Pakarti. Sawise sinau wulangan 1 iki, para siswa kaajab bisa: niteni teks geguritan adhedhasar tema, njlentrehake struktur geguritan, njlentrehake tegese tembung-tembung ing geguritan, lan njlentrehake isine teks geguritan. Sabanjure, bocah-bocah uga kaajab bisa nulis lan maca geguritan kanthi polatan (ekspresi) kang trep.
GEGURITAN
Geguritan, yaiku puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. Bebas jumlah larik ing saben pada (bait), bebas jumlahe pada, lan bebas pilihan tembung kang digunakake. Sing penting, isine mentes lan pantes.
Geguritan iku mujudake puisi basa Jawa gagrag anyar sing bebas, nanging umume strukture (wangunan) geguritan mujudake gabungan saka limang perangan, yaiku: tembung, larik, pada (bait), uni (swara), lan surasa (makna).
Nalika penulis utawa penggurit ngarang teks geguritan, penulis miwiti kanthi netepake tema karangan, yaiku gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan. Sabanjure, tema iku nduweni mupangat dadi wadhahe karangan. Tegese, karangan ora oleh metu utawa mlenceng saka tema (wadhah) sing wis ditetepake.
Kanggone wong sing maca teks geguritan sing wis dadi, tema geguritan bisa ditemokake kanthi cara maca geguritan kang titi lan yen perlu dibolan-baleni.
Saiki, ayo coba bebarengan sinau geguritan kanthi tema “Budi Pakarti” iki supaya bisa methik piwulangan budi pakarti kang luhur ing sajroning geguritan. Para siswa kudu bisa mangerteni isine geguritan luwih disik. Mula, ayo sinau kanthi semangat lan temen.

Sabanjure, wacanen geguritan kaya tuladha video ing ndhuwur iku, galekana isi pokok saka geguritan nganggo ukaramu dhewe lan golekana pitutur luhur kang ana ing geguritan “Nalika Aku Pamit”
Nalika aku pamit budhal sekolah, ibu mirsani aku kanthi paningal wening lan asih
Ibu nyangoni pangestu lan pangarep arep mugo aku bisa dadi generasi kang migunani
Pitutur luhuripun pangestu lan pangarep arepe ibu kedah dipun wujudaken kanthi tulus lan bekti
Bagus saya bisa lebih paham
Pangestune Ibuben dadi generasi kang migunani.
Bekti lan mituhu marang Ibu.
Isi pokok geguritan
Penulis kelingan saben arep mangkat sekolah pamitan ibune,ibune mesti nyangoni pangestu lan donga amrih dadi generasi kang mumpuni.
Pitutur luhur saka geguritan
Ngudhi ngilmu kanggo sangu mbesok ,dadio generasi kang migunani